Di jaman anda masih SMP khususnya yang ada di daerah Jawa mungkin
sudah hafal menulis aksara jawa dari hana caraka sampi magabatanga.
Sebab oleh guru bahasa jawa hafal menulis Jawa di wajibkan hehehe (pengalan
pribadi c gitu). Tapi kira-kira asal usul huruf jawa sudah banyak yang tahu
nggak yah? Hemm.. saya yakin sudah banyak yang tahu kususnya para guru kelas. Namun
jika ente belum tahu ane akan share nich cerita asal usul aksara Jawa dengan
menggunakan bahasa jawa.
What…??? Ya.. iyalah masa menceritakan asal usul bahasa jawa
menggunakan bahasa Jepang, kan nggak
nyambung….? Xixixixix just kidding browww. Ok untuk tahu lebih lanjut silahkan
di baca dengan seksama cerita di bawah ini.
Jaman kuna ana kraton aran kraton Medangkamulyan. Ratune jejuluk Prabu
Dewata Cengkar. Sawijining dina Sang Prabu Dewata Cengkar ngersaaken dahar
lawuh gule nuli dhawuh karo juru masake supaya masak gule.
Juru masak nuli nyendikani dhawuh gustine masak gule. Bareng wis
mateng nuli kaaturaken marang gustine. Sang Prabu Dewata Cengkar bareng dahar
gule mau ngrasa uenak buanget, krasa kaya ana ana balung kang luwuh enak.
Kaya-kaya sejen banget rasane karo balung-balung biasa.
Sang Prabu Dewata Cengkar nuli nimbali juru masake, nuli ditakoni,
“Heh juru masak, masakanmu daging apa kok ana balung kang enak banget?”
Juru masak ora enggal-enggal mangsuli, kemutan rikala ngracik gule drijine
ketrajang peso nganti tugel, tugelane di goleti ra ketemu. Mesthi sing didahar
sang Prabu mesthi tugelan drijine, mulane meneng bae ora mangsuli, tumungkul
awake dlegdeg wedi diukum.
Sang prabu duka banget, juru masak nuli digentak, “ Heh juru
masak!, apa kowe budge, apa bisu?” juru masak mangsuli karo ndhepa kemureb
ing samparane Sang Prabu, “Inggih Guti kawula lepat. Rikala kawula ngracik
gule, driji kawula ketrajang peso ngantos tugel. Tugelan driji kawula, kawula
pasosi mboten kepanggih. Dados kawulo kawulo kinten ingkang ka dhahar, tugelan
driji abdi dalem. Pramila kawula nyuwun dipun pejahikemawon”
Sang prabu gumejeng lakak-lakak nuli ngunus keris kasudukaken
marang juru masak Nuli Sang Prabu nendika “ Heh Patih!, Rumanten kuwandane
juru masak iki. Tethelana daging kanggo di masak gule lan sate kanggo daharan
ingsun”. Kawit kedadian iki, Sang Prabu Dewata Cengkar karem banget dahar
lawuh daging manungsa. Wis akeh kawula cilik lan rakyat kang dadi korban kanggo
didahar sang Prabu. Kawula rakyat Medangkamulyan akeh kang padha ngungsi
ninggalaken desane. Kabar sang prabu Dewata Cengkar karem doyan daging manungsa
kawentar ingkang saindhenging jagat raya.
Kocap kacarita kabar mau uga kasebar nganti tekan ing kraton Atas
Angin. Ratu Kraton Atas Angin Prabu Aji Saka midhanget kabar mau kapengin
mbuktekaken, apa bener ana manungsa kok dowan manungsa.
Pangeran Aji Saka tindak menyang kraton Medang Kamulyan saperlu
mbuktekna kandherekake punakawane (pandhereke) loro aran Doro lan Sembodo.
Tindake sang pangeran Aji Saka tekan ing Pulo Sabekti kang kelebu kukuban
keratin Medangkamulyan.
Ing pulo Sabekti Pangeran Aji Saka sapunakawane masanggrahan.
Pangeran Aji Saka lukar ageman keprabon di pasrahake marang Sembada supaya
Nunggoni. Sembada diweling supaya jaga agemane lan ora kena
diulungna/diparingaken marang sapa bae yen ora Pangeran Aji Saka dhewek kang
njupuk.
Pangeran Aji Saka kendherekake Dora sedya sowan menyang kraton Medangkamulyan.
Tekan ing Medangkamulyan terus mlebu ing pendhapa. Sang prabu Dewata Cengkar
bungah banget ana nonoman awake lemu-lemu sowan ngandhep ing pendhapa, nuli
ditakoni dening sang prabu “ Heh, bocah nonoman loro kowe sowan ing ngarsaku,
jenegmu sapa? Lan apa kaperluwanmu?’
Aji Saka mangsuli, “Nami kulo Aji, niki kanca kulo name Dora,
kaperluan kula kepengin nyorohaken lan masrahaken raga kula kekalih kangge
lawuh dahar sang prabu”. Sang Prabu Dewata Cengkar bareng midhanget
wangsulane Aji, bungahe ora ketulungan,
jogedan kaya wong edan, jalaran pancen wis sawntara dina wis ora dahar lawuh
daging manungsa.
Sang Dewata Cengkar nuli ngendika, “Aji banget panarimaku.
Sadurunge kowe dadi dharanku, kowe njaluk apa mesti tak paringi, pokoke aja
njalik tumurane lintang lan rembulan”. Aji Saka mangsuli “ kulo mboten
nyuwun mas picis raja brana. Kawulo nyuwun tanah Medhang Kamulyan sadhestar
kula menika wiyaripun. Kangge ngubur balung-balung kula ingkang mboten kedahar
wonten sang prabu.” Sang prabu ngendika “aja meneh mung sedhestar, mbok
sewu dhestarmu tak paringi”
Prabu dewata cengkar njaluk dhestare Aji Saka kanggo ngukur lemah
sing dijaluk dening Aji Saka. Bareng dhestare Aji Saka kanggo ngukur ngambani,
ngambani terus ngambani. Sang prabu Dewata Cengkar mundur, mundur terus mundur,
mundure nganti kecemplung segara. Sirna dadi sedane. Kawula Medhangkamulyan
pada bungah retune kecemplung segara seda ateges wis ora wedi bakaldadi lawuhe
sang prabu.
Aji Saka diwisuda dadi ratu ing Meddangkamulyan, nuli emut karo
sandanganane sing di tinggal ning pulo Sabekti kang ditnggoni dening Sembada.
Aji Saka nuli dawuh maring Dora supaya njupuk agemane, diwelingna lan dijanji
pati-pati mulih kudu nggawa agemane Dora terus mangkat.
Tekan ing pulo Sabekti, terus menoni karo Sembada, nembung lagi
diutus karo gustine pangeran Aji Saka.
Sembada ora nglungakake, sebab kelingan marang wangsit lan janjine
Pangeran Aji Saka. Ora kena diulungake marang sapa bae, menawa ora Aji Saka
dhewe kang njupuk. Dora lan Sembada pada padu, awit loro-lorone pada ngemuti
marang jannjine. Suwening suwe anggone padu, dadi padha gelut, suduk-sudukan
keris. Lorone pada jubrabah ing lemah adus rah dadi lan patine.
Ing kraton Pangeran Aji Saka ngarep-ngarep baline si Dora kok suwe
ora bali-bali, Penggalihe kuwatir banget. Pangeran Aji Saka ora sabar, nuli
nusul. Bareng tekan ing Pulo Sabekti, pirsa utusane Dora lan Sembada padha
njubabah adus getih wis ora ana nyawane. Pangeran Aji Saka gumun lan getun,
ngadeg ora obah kaya tugu ora eling.
Bareng eling marang kawitane, Aji Saka njerit seru banget. Swarane gumandang
ing awing-awang, kaprungu ing saidhening jagat raya. Kawula Medangkamulyan pada
kaget lan gumun krungu suwara kang aneh banget.
Kawula Medhang Kamulyan banjur padha nggoleti pernahe swara aneh
mau. Bareng penggolete tekan ing pulo Sabekti weruh ratune anyar, ngadeg nyanding mayit loro nuli salah
sijine kawula kang matur, “Duh Gusti, kula nyuwun pirsa, menika kawedanipun
sinten? Lan swanten ingkang ngumandang swanten menepa?”
Pangeran Aji Saka mangsuli “Kawulaku kabeh rungokna ya, Iki
kuwandane Dora lan Sembada. Loro-lorone Utusanku. Sene sing kumandang mau
swaraku. Iki gambar swaraku mau. Iki jenenge aksara jawa, lan iki wujude..
Eling-eling aksara iki. Aksara iki gunane: siji kanggo nulis
utawa kanggo nggambar swaramu. Lorone ukarane bisa kanggo panutaning
urip.
Wiwit saiki kraton Medhang Kamulyan tak jenegi “Jawa”. Dadi kowe
kabeh wiwit saiki jenenge wong “Jawa”, kratonmu tanah “Jawa” basamu bahasa jawa
aksaramu aksara jawa. Wis cukup samene welingku. Aku arep kondur maring
kratonku. Kraton medhang amulyan sing
siki aran Tanah Jawa tak pasrahaken marang kowe kabeh. Pilih siji
wargamu, supaya mimpin kowe. Pilih wong kang ndue ati “sejuta” ya kuwe wong
sing atine “setia, jujur, tanggungjawab”.
Aji Saka bareng ngucap tanggung jawab sanalika ana cahaya kang
padhang banget madhangi jagad raya. Ilanging cahaya bareng karo ilange Pangeran
Aji Saka lan mayit loro mau. Rakyat Medhangkamulyan sing genti jeneng wong Jawa
pada gumun, nuli pada bali lan tansah ngeling-ngeling marang weling’e Pangeran
Aji Saka.
Kanggo eling-eling kedadiyan mau ana pujangga kang nyipta tembang “Asmara
Dana” mengkene tembange:
Kaya kue cerita asal usule aksara jawa. Dongeng kuwi dongeng kang
sumbere saka doneng “Tutur Tinular” dadi ora ana babone lan ora ana pakeme.
Kupat janure tua, aku lepat njaluk ngapura. Matur nuwun sampung kersa
pinagnggih bloge kulo Guru Berbagi Info. Mugi-mugio nambah khasanah
panjengeanipun sedowo kemawon wkwkwkwkwkwk….
0 Response to "Asal Usul Aksara Jawa"
Post a Comment